Featured In

Credits

PERFORMING ARTISTS
Happy Asmara
Happy Asmara
Performer
COMPOSITION & LYRICS
Pendhoza
Pendhoza
Songwriter

Lyrics

Aku lila adoh omah, adoh wong tuwa Demi kowe ben supaya tetep mulya Tresnaku ra bakal ilang senadyan adoh paranmu Setiaku karo kowe tekan matiku (Masuk, Sayang) (Royal Music lo iki) Royal Music (Rungokne, Sayang) piye, Sayang? Dhik, aku bali (ning ndi?) Arep nepati janji Tak jaluk kowe ra ngapusi Lungaku wingi amung golek rejeki Tak buktekke, kowe aja mbeda ati Wis seprene suwene Aku lunga ninggal kowe Adoh paran, ya mung dinggo kowe Kowe lila adoh omah, adoh wong tuwa Demi aku ben supaya tetep mulya Tresnaku ra bakal ilang senadyan adoh paranmu Setiaku karo kowe tekan matiku ('syik) Aku lunga, ra ngilang, nanging merga kahanan Aku ora ngapusi, bakal tak perjuangkan Mikir masa depan, karo golek modhal Dinggo sesuk rabi, duduk di pelaminan Muga Gusti ngijabahi, aku kowe dadi siji Bakal urip bebrayan, aja wedi kelangan Aku ning sandhingmu, ngancani uripmu Merga ya mung kowe sing nggawe seneng atiku Wis seprene suwene Aku lunga ninggal kowe Adoh paran, ya mung dinggo kowe (ayo, Ga) Kowe lila adoh omah, adoh wong tuwa ('syik) Demi aku ben supaya tetep mulya Tresnaku ra bakal ilang senadyan adoh paranmu Setiaku karo kowe tekan matiku (rungokna neh) Merga tresna, aku bisa adoh paran, njaga rasa Godhaan teka, nanging aku ora ngiwa Saiki wis urip bareng, susah seneng dilakoni Ana kowe, aku wani ngadhepi urip iki Matur suwun uwis gelem nampa aku Sampun percaya karo janji-janjiku Bakal tak jaga tekaning patiku Kanggoku, awakmu kuwi harga diriku Wis seprene suwene (kesuwen) Aku lunga ninggal kowe Adoh paran, ya mung dinggo kowe (ayo!) Kowe, ah, ah, adoh omah, adoh wong tuwa Demi aku ben supaya tetep mulya Tresnamu ra bakal ilang senadyan adoh paranmu Setiaku karo kowe tekan matiku Ho, aku lila adoh omah, adoh wong tuwa Demi kowe ben supaya tetep mulya Tresnaku ra bakal ilang senajan adoh paranku Setiaku karo kowe tekan matiku Setiaku karo kowe tekan matiku Janji pa ora ngono kuwi? (Janji, sampek mati) (Asyik, asyik-asyik)
Writer(s): Pendhoza Lyrics powered by www.musixmatch.com
instagramSharePathic_arrow_out