Credits
PERFORMING ARTISTS
Fhams Revolution
Performer
COMPOSITION & LYRICS
waridzul Azis
Composer
Agus Basuki
Songwriter
Lyrics
Purwakane pagut netra trus andulu
Nadyan datan andangu
Nanging wus tumekeng kalbu
Mbabar pajar pindha slaka binabar
Sepisan anjawat kang asta
Kaya kaya wus antuk swarga
Apa iya iki tresna
Tresna kang sanyata
Temah agawe kunjana papa
Lunging gadhung hangayun ayun
Dhuh sang mustikaning asmara
Sun kayungyun mring handika
Yen jawata ngelilanana
Bakal dak pundhut krama
Mugo kasembadan
Dak jongko srono
Manembah mring sang hyangwidi
Mugio peparing margi
Margi kang waluya jati
Duh duh aduh sang mustikaning asmara
Dak mulyake pindha prameswari
Mbalung janur dadya usada kang sayekti
Mbalung janur dadya usada kang sayekti
Written by: Agus Basuki, waridzul Azis